Minggu, 19 Februari 2017

sesorah ambal warsa



Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Kepala Sekolah SMP Negeri 1 Mlati ingkang satuhu kula bekteni
Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kaula hormati.
Para tamu undangan ingkang tansah winantu ing suka basuki.
Saha kanca - kanca ingkang kula tresnani.

Allhamdulilah wasalatu wasalamu alla asrofil amjai wamursalin wala alihi wasabihi ajemain. Puji syukur tansah katur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanurgrahan rahmat saha hidayah dhumateng kula panjenengan sedaya saget kempal manunggal kanti wilujeng nir ingkng sambekala

Bapak/Ibu sagung para rawuh ingkang kinurmatan. Keparenga kawula amakili para kadang panitia ingkang kaparingan jejibahan minangka Ketua Panitia ambal warsa SMP 1Mlati matur wonten ing ngarsa panjenengan sedaya.

Ingkang sapisan, kula sakanca ngaturaken agunging panuwun, awit kapitadosan ingkang sampung dipunparingaken.

Salajengipun ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng warga sekolah ingkang sampun paring pambiyantu lan payengkuyungipun, supados acara menika saged kalampah kanthi sae.
Bapak saha ibu sarta khadang khadang mitra ingkang satuhu bagya mulya.
Dene wosing gati panjenengan kasuwun rwuh ing pahargyan menika saperlu mengeti dinten ingkang mirungan menika wondene ancas ingkang kinandhut,mugi mugi pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten dinten samangkeh. Ningataken  prestasi tuwih akhlakipun kula panjenengan sedya mliginipun para siswa SMP 1Mlati menika

Mekaten atur kawula, amakili kadang panitia, lan mbokbilih anggen kula matur katah kalepatan kula tansah nyuwun samudra pangasami

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

















Tidak ada komentar:

Posting Komentar