Assalamualaikum warahmatullahi
wabarakatuh.
Kepala Sekolah SMP Negeri 1 Mlati ingkang satuhu kula bekteni
Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kaula
hormati.
Para tamu undangan ingkang tansah winantu ing
suka basuki.
Saha kanca - kanca ingkang kula tresnani.
Allhamdulilah wasalatu wasalamu alla asrofil
amjai wamursalin wala alihi wasabihi ajemain. Puji syukur tansah katur dumateng
Allah SWT ingkang sampun paring kanurgrahan rahmat saha hidayah dhumateng kula
panjenengan sedaya saget kempal manunggal kanti wilujeng nir ingkng sambekala
Bapak/Ibu sagung para rawuh ingkang kinurmatan.
Keparenga kawula amakili para kadang panitia ingkang kaparingan jejibahan
minangka Ketua Panitia ambal warsa SMP 1Mlati matur wonten ing ngarsa
panjenengan sedaya.
Ingkang sapisan, kula sakanca ngaturaken agunging
panuwun, awit kapitadosan ingkang sampung dipunparingaken.
Salajengipun ugi ngaturaken agunging panuwun
dhumateng warga sekolah ingkang sampun paring pambiyantu lan payengkuyungipun,
supados acara menika saged kalampah kanthi sae.
Bapak saha ibu sarta khadang khadang mitra ingkang
satuhu bagya mulya.
Dene wosing gati
panjenengan kasuwun rwuh ing pahargyan menika saperlu mengeti dinten ingkang
mirungan menika wondene ancas ingkang kinandhut,mugi mugi pahargyan punika
saged dados pecuting lampah ing dinten dinten samangkeh. Ningataken prestasi tuwih akhlakipun kula panjenengan
sedya mliginipun para siswa SMP 1Mlati menika
Mekaten atur kawula, amakili kadang panitia, lan
mbokbilih anggen kula matur katah kalepatan kula tansah nyuwun samudra
pangasami
Wassalamualaikum
warahmatullahi wabarakatuh.

